Teks Kirab Pengantin Jawa
Teks Kirab Pengantin Jawa 1. Penganten Putri Kalenggahaken ing Sasana Rinengga (sinubagya ungeling Gendhing Ketawang Puspawarna Slendro Manyura) Binarung swaraning pradangga munya angrangin, ana ganda arum angambar ngebeki jroning sasana pawiwahan, nulya kawuryan ana teja angenguwung mawa praba, tuhu punika tejane penganten putrid ingkang binayangkare mijil saking tepas wangi, kinanthi manjing sasana rinengga. Simpating busana ingkang angemba busananing prameswari nata, tinon saking madrawa ambyor mopyor pating galebyar pating clorot, katempuk ing pandam kurung ingkang anggregani, lamun cinandra kadya kilat asesiring. Amucang kangingan denira lumaksana penganten putri, membat madya lumenggang ing warih. Meloking wadana samunu agilar-gilar kadya kencana binabar, sunaring netra adamar kanginan. Wewening pranaja singget kapathet ing ageman, pindha cengkir gading dipingit, yayah anjebol-jebolna mekak madya ingkang minangka setubandaning sarira. Kicating pada katon pating galebyar dening re...